Kamis, 18 Juli 2013

Melawan Jalan Tuhan

19 July 2013  

Bacaan : Kisah Para Rasul 19:21-40
Pujian : KJ 406
Nats : “Kira-kira pada waktu itu timbul huru hara besar mengenai jalan Tuhan”(ayat 23)
Beberapa kali ditayangkan di TV reporter mewawancarai peserta demonstrasi, tentang apa tujuan mengikuti demo. Ternyata jawabannya cukup mengejutkan: “Saya tidak tahu, hanya disuruh berkumpul di sini untuk demo”. Mereka hanya diperalat menyampaikan aspirasi orang yang berkepentingan. Gambaran tersebut serupa dengan kejadian huru-hara di Efesus.
Demetrius seorang yang pekerjaannya membuat patung-patung sesembahan telah menggerakkan tukang-tukang dan orang banyak untuk mengadakan huru-hara di gedung kesenian dengan menghasut, membujuk dan menyesatkan banyak orang dengan mengatakan bahwa Paulus menyatakan apa yang dibuat manusia bukanlah dewa.
Sebenarnya Demetrius khawatir kalau sumber penghasilan mereka terancam sebab melihat banyak orang menjadi Kristen yang tidak menyembah patung-patung tersebut. Dengan berpura-pura mementingkan penghormatan terhadap dewi Artemis mereka mengadakan huru-hara. Sebagian besar dari mereka sebenarnya tidak tahu untuk apa mereka berkumpul dan membuat huru-hara. Di pihak lain panitera juga, demi nama baiknya di hadapan pejabat, memanfaatkan situasi tersebut dengan berpura-pura menyelamatkan Paulus dan bisa meredam huru-hara.
Efesus terkenal sebagai pusat penyembahan berhala. Dari keadaan itulah Rasul Paulus ingin menyelamatkan warga Efesus dengan mengajarkan ajaran Kristus tentang kebenaran, kekudusan, keselamatan, mengakui Kristus sebagai Tuhan dan Juruselamat serta menjauhi penyembahan berhala. Dengan demikian diharapkan mereka bisa meninggalkan kehidupan lama untuk berubah menjadi pola hidup baru di dalam Kristus.
Bagaimana dengan kehidupan kita, apakah pernah melakukan sesuatu tanpa mengetahui tujuan dari apa yang kita lakukan? Tujuan kita sudah jelas yaitu keselamatan dan kehidupan kekal bersama Tuhan Yesus. Dengan iman yang mantab kita tidak mudah dipengaruhi melakukan sesuatu untuk tujuan yang tidak jelas. (Sri)
Pemenang dalam kehidupan adalah orang yang sejuk di tempat panas, tetap manis di tempat pahit dan tetap tenang di tempat badai. (Pranata Xavier)

Jumat, 15 Juni 2012

Pancaran Air Hidup

14 August 2012
Waosan  : Matius 18 : 1 – 5, 10 – 14.
Pamuji : KPK  288:  1, 3

Nats: “Dadi sing sapa ngesorake awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga” (ay. 4)
Wonten ingkang nggambaraken lare alit utawi bocah kados kertas putih ingkang resik, polos lan dereng kenging coretan punapa-punapa. Saking bocah punika kita saged sinau bab kajujuran, karukunan lan kabecikan. Jujur karana bocah punika polos, wicanten punapa wontenipun, boten nate goroh. Rukun karana bocah alit punika boten nyimpen raos dendam dhateng kanca rencangipun senadyan nate padu, tukaran. Becik karana bocah punika manut miturut dhateng tiyang sepuhipun.
Kados dhawuh pangandikanipun Gusti wekdal punika, Gusti Yesus paring piwucal dhateng para sakabatipun lumantar gegambaran lare alit. Nalika semanten para sakabat sami sowan ing ngarsanipun Gusti Yesus sarta ngaturaken pitakenan, ”Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?” Saking pitakenan punika Gusti Yesus paring wangsulan tiyang ingkang lumebet ing Kratoning Swarga inggih punika tiyang ingkang purun mratobat, ngasoraken dhiri lan nglampahi gesangipun kados lare alit punika.  Gusti Yesus ugi ngandika supados ing antawisipun para sakabat sampun ngantos ngremehaken bocah punika, karana dhateng sinten kemawon ingkang nampi bocah punika ateges nampi Gusti Yesus piyambak.
Gegambaran lare alit ingkang dados piwucalipun Gusti Yesus punika, paring pangertosan kangge kita. Kaping sepisan, kita kedah jujur utawi blaka dhateng Gusti lan sesami. Kita jujur ngakeni sakathahing dosa-dosa kita dhateng Gusti. Kita jujur bilih gesang kita punika dereng sampurna, kathah kakiranganipun, pramila kita tansah nyenyuwun supados dipun paringi kakiyatan lan kasagedan kangge nglampahi gesang ingkang mbangun turut dhateng timbalanipun Gusti. Kaping kalih, kita kedah rukun kaliyan sintena kemawon. Sampun ngantos wonten raos dendam, sengid, kuciwa dhateng sesami punapa malih dhateng Gusti. Kaping tiganipun, kita puruna nindakaken kabecikan, sanes karana kasaenan kita, ananging karana Gusti Allah sampun nresnani lan maringi sih rahmatipun dhateng kita.
“Watak jujur, rukun lan becik kedah dados watakipun tiyang pitados”
12 August 2012
Gusti Ngutus Gusti Nganthi
Waosan: 1 Para Raja 19: 4-8.
Pamuji: KPK 171
Punapa ingkang dipun alami dening Nabi Elia pancen ngeram-eramaken saget. Kala Nabi Elia ngawonaken Nabi Baal, lajeng Nabi Elia kaancam dening Ratu Ezebel ingkang kondhang bengis sanget. Tamtu sacara kamanungsan Nabi Elia ajrih sanget. Raos ajrihipun Nabi Elia punika inggih asring kita panggihi ing tiyang pitados, utawi tiyang kristen ing jaman samangke. Tiyang kristen semplah karana pengin ngundhangaken kaleresan, kabecikan saha nggelaraken Kitab Suci kados-kados boten wonten paedahipun.
Kita asring kados dene Nabi Elia boten kiyat nglajengaken dhawuh utusanipun Gusti. Mbokbilih kita ingkang kautus lan kadhawuhan supados nglestantunaken gesang bebrayatan rumaos angel nindakaken dhawuh punika amargi warni-warni masalah ingkang kita adhepi. Utawi menawi kita kautus dados peladosipun Gusti wonten ing satengahing pesamuwan asring kita rumaos boten kawradan lan kados boten kiyat ngadhepi  pacoben utawi malah pangancam. Pancen dados Pandhita, Panatua, Diaken utawi dados punapaa kemawon, asring kita nemahi pacoben ingkang boten entheng. Ananging kita kedah pitados bilih kita ingkang dipun utus dening Gusti lumantar ayahan lan nyambut damel sarta tanggel jawab ing masyarakat punika Gusti piyambak ingkang tansah paring kekiyatan lan kasagedan.
Dados sampun semplah menawi kita mrangguli prekawis ingkang awrat! Gusti ingkang ngutus, Gusti piyambak ingkang nganthi. Pancen  leres dhawuhipun RANGGA WARSITA inkang makaten:
Sampun dumugi wancinipun jaman edan. Sedaya tiyang sampun sami malik tingal, ingkang leres dados awon, ingkang awon ketingal leres. Ewa semanten taksih begja tiyang ingkang taksih purun mirengaken sabdanipun Gusti lan purun nyimpeni sarta nglampahi ing satengahing pasamuwan lan ing pigesanganipun..
“Sabeja bejane wong lali, isih beja wong kang eling lan waspada”


11 August 2012
Mendekat Pada Sempurna
Bacaan : Matius 17:14-20.
Pujian: KJ  370
Apa ukuran sesuatu adalah baik? Ragam jawaban akan diberikan oleh masing-masing orang. Sebenarnya semua orang memiliki ukurannya sendiri dalam memaknai kehidupan. Demikian juga dengan keadilan. Apakah ukuran keadilan. Sebab seringkali keadilan ini tertutup oleh keadilan versi manusia. Idealisme manusia kemudian dimutlakkan sebagai pegertian yang paling benar. Padahal, harus diakui, segala pemahaman itu juga tetap ada latar belakang keterbatasan dan bahkan kepentingan manusia itu sendiri. Pemahaman kita, sebagai ciptaan Allah, tentang kehidupan seharusnya holistik atau menyeluruh dengan mengikuti ukuran dan kehendak Allah. Hal ini berdampak pada pengertian sepotong-sepotong yang dimiliki manusia tentang keadilan hendaknya bisa saling melengkapi dan tidak menetapkan standar masing-masing. Rangkaiannya adalah, seseorang dapat meminimalisir standar ganda tentang keadilan yang lebih sering mengutamakan keuntungan sendiri.
Berikutnya, dalam kerangka menciptakan keadilan, bagaimana dapat berbuat baik dan sempurna jika ukuran yang dipakai tetaplah ukuran manusia dan malah melupakan sosok penyempurna yang seharusnya tidak boleh ditinggalkan. Para murid sudah mengalaminya. Ketika ukurannya bukanlah ukuran Yesus, dalam hal ini terkait dengan kepercayaan para murid, maka yang dilakukan para murid menjadi tidak sempurna. Para murid memang sudah seharusnya berjuang memberi ruang bagi kehadiran Yesus. Bagaimana mampu memberi ruang itu? Syaratnya ada hubungan dekat dengan Allah, sehingga makin mampu mendekati dan memahami kehendak Allah dengan baik. Namun perjuangan inipun harus dengan baik dan dilaksanakan sampai saat datangnya Sang Sempurna.
Perjuangan demi kebaikan akan makin sempurna jika kita lebih dahulu mampu memahami fenomena kehidupan yang ada, sehingga bisa mampu mengenali manakah yang menjadi kehendak Allah yang sebenarnya. Harus tetap ada usaha pro aktif atau usaha semaksimal mungkin, bukan sekedar menunggu jawaban dari Allah dalam situasi yang belum sempurna.
Kesempurnaan Kristus melengkapi dan memperbaiki kelemahan serta kekurangan yang ada


10 August 2012
Luber
Waosan: 2 Korinta 9: 6-10 (8).
Pamuji: KPK 35
Krisis ekonomi saha pengaruh indhak-indhakaning regi BBM ingkang dumugi sapunika dereng saged karampungaken njalari gesang kraos mbingungaken lan awrat sanget. Punapa malih biaya pendidikan saya dangu saya mindhak-mindhak awis, mila kathah sanget tiyang ingkang nyuda medaling arta.
Lajeng kados pundi kawontenan cacahing pisungsung ing greja? Racakipun tumut suda punapa boten? Menawi pancen tetep utawi malah saya mindhak, ateges para warganing pasamuwan mangertos dhateng berkahipun Gusti ingkang luber.
Pancen cetha bilih berkahipun Gusti punika luber sanget katitik wiwit kita tangi enjang ngantos tangi enjang malih ing dinten candhakipun, tamtu kita boten saged ngetang sapinten agengipun Sih Rahmatipun Gusti.
Saged tilem, nampi kasarasan, saged dhahar punapa kemawon lan sakpanunggilipun kemawon ateges punika sadaya inggih peparingipun Gusti. Conto sakedhik kalawau nelakaken kados pundi menawi kita boten saged tilem, tamtu badan sakit sedaya. Dereng malih menawi badhe dhahar menika dipun watesi, dhahar menika boten pareng, tamtu kita lajeng nyumurupi saiba bingahipun menawi sehat. Kasarasan lan kasaenan menika peparingipun Gusti piyambak. Punapaa kemawon ingkang kaparingaken dening Gusti dhateng kita boten namung supados kita nikmati piyambak, nanging supados kita sugih ing sagunging tumindak utami utawi kasaenan.
Lha menawi sadaya kesaenan, kesehatan lan sapanunggilipun menika sampun kaparingaken, kita saged ngagem sadaya menika dados modal kangge nglampahi kesaenan. Paring pambiyantu dhumateng tiyang sanes, ugi pambiyantu ing antawisipun pasamuwan. Alesanipun, kita punika sapatunggilan ing Sang Kristus ingkang kedah tulung-tinulung ing bot repot.
Samangke sumangga sami ngengeti malih sadaya peparingipun Gusti ingkang sampun tumanduk dhateng gesang kita! Lajeng, sumangga ngengeti punapa wit saking sadaya peparingipun Gusti kalawau tindak-tanduk kita sampun dados saya utami?
“Kita pinaringan supados tindak-tanduk kita dados saya utami”